20 Juli 2013

SERAT KIDUNGAN 1 (Dhandhang Gula)

Babon asli saking kagungan dalem
Gusti Kanjeng Ratu Pambayun
putri ing karaton dalem SURAKARTA ADININGRAT.

Tembang Dhandhanggula

01 …
Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa bilai kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunaning wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana mgarah mring mami,guno duduk pan sirna.

02 …
Sakehing lara pan samya bali, sakeh ngama pan sami miruda, welas asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa tawa, sato galak tutut, kayu aeng lemah sangar, songing landk guwane wong lemah miring, myang pakiponing merak.

03 …
Pangupakaning warak sakalir, nadjan arca myang sagara asat, temahan rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran kang widadari, rineksa malaekat, sakatahing Rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa.

04 …
Napasku Nabi Ngisa linuwih, Nabi Yakub pamiyarsa ningwang, Yusup ing rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, Njeng Suleman kasekten mami, Nabi Ibrahim nyaw, Edris, ing rabutku, Bagenda Ali kulit ingwang, getih daging Abu Bakar Ngumar singgih, balung Bagenda Ngusman.

05 …
Sungsum ingsun Patimah linuwih, Siti aminah bajuning angga, ayub ing ususku mangke, Nabi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, netraku ya Muhammad, pamuluku Rasul, pinayungan Adam sarak, sampun pepak sakatahing para Nabi, dadya sarira tunggal.

06 …
Wiji sawiji mulane dadi, apan pencar saisining jagad, kasamatan dening Date, kang maca kang angrungu, kang anurat kang animpeni, dadi ayuning badan, kinarya sesembur, yen winacakna ing toya, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong edan nuli waras.

07 …
Lamun ana wong kadenda kaki, wong kabonda wong kabotan utang, yogya wacanen den age, nalika tengah dalu, ping sawelas wacanen singgih, kang luwar ingkang kabanda, kang kadenda wurung, aglis nuli sinauran, mring Hyang Suksma ingkang utang iku singgih, kang agring nuli waras.

08 …
Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaha sawengi sadina, iderana galengane, wacanen kidung iku, sakeh ngama sami abali, yen sira lunga perang, wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, mungsuhira rep-sirep tan ana wani, rahayu ing payudan.

09 …
Sing sapa reke bisa nglakoni, amutiha lawan anawaha, patang puluh dina bae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, insya allah katekan, sakarsanireku, tumrap sanak rajatira, saking sawabing ngelmu pangiket mami, duk aneng Kali-Jaga.

10 …
Ana kidung reke angartati, sapa weruh reke aran ingwang, duk ingsun ana ing ngare, miwah duk aneng gunung, Ki Samurta lan Ki Samurti, ngalih aran ping tiga, Arta-daya tengsun, aran ingsun duk jajaka, Ki Artati mangke aran ingsun ngalih, sapa wruh aran ingwang.

11 …
Sapa weruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke Arta-daya, tunggal pancer sauripe, sapa wruh ing panuju, sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sajagad, kang angidung iku, lamun dipun apalena, kidung iku den tutug pada sawengi, adoh panggawe ala.

12 …
Lawan rineksa dening Hyang Widi, sakarsane tinekan dening Hyang, rineksa ing jaman kabeh, kang maca kang angrungu, kang anurat myang kang nimpeni, yen ora bisa maca, simpenana iku, temah ayu kang sarira, yen linakon dinulur sasedyaneki, lan rineksa dening Hyang.

13 …
Kang sinedya tinaken Hyang Widi, kang kinarsan dumadakan kena, tur siniyan Pangerane, nadyan tan weruh iku, lamun nedya muja semedi, sasaji ing sagara, dadya ngumbareku, dumadi sarira tunggal, tunggal jati swara awor ing Artati, aran Sekar Jempina.

14 …
Somahira ingaran Penjari, milu urip lawan milu pejah, tan pisah lawan saparane, pari purna satuhu, anir mala waluya jati, kena ing kene kana, ing wasananipun, ajejuluk Adi Suksma, cahya ening jumeneng aneng artati, anom tan kena tuwa.

15 …
Panunggale kawula lan Gusti, Nila-ening arane duk gesang, duk mati Nila arane, lan Suksma-ngumbareku, ing asmara Mong-raga yekti, durung darbe peparab, duk rarene iku, awayah bisa dedolan, aran Sang Hyang Jari iya Sang Artati, yeku Sang Arta-daya.

16 …
Dadya wisa mangkya amartani, lamun marta atemahan wisa, marma Arta-daya rane, duk lagya aneng gunung, ngalih aran Asmara-jati, wayah tumekeng tuwa, emut ibunipun, ni Panjari lunga ngetan, ki Artati nurut gigiring Merapi, anuju mring Sundara.

17 …
Ana pandita akarya wangsit, minda kombang angajap ing tawang, susuh angin ngendi nggone, lawan galihing kangkung, wekasan langit jaladri, isiningwuluh wungwang, lan gigiring punglu, tapaking kuntul anglayang, manuk miber uluke ngungkuli langit, kusuma njahing tawang.

18 …
Ngambil banyu apikulan warih, amet geni sarwi adadamar, kodok ngemuli elenge, miwah kang banyu dikum, myang dahana murub kabesmi, bumi pinetak ingkang, pawana ingkang, pawana katiyub, tanggal pisan kapurnaman, yen anenun senteg pisan anigasi, kuda ngrap ing pandengan.

19 …
Ana kayu apurwa sawiji, wit buwana epang keblat papat, agodong mega rumembe, apradapa kukuwung, kembang lintang salaga langit, semi andaru kilat, woh surya lan tengsu, asirat bun lawan udan, apupucak akasa bungkah pratiwi, ayode bayu bajra.

20 …
Wiwitane duk anemu candi, gegedongan miwah wewerangkan, sihing Hyang kabesmi kabeh, tan ana janma kang wruh, yen wruha purwane dadi, candi sagara wetan, ingobar karuhun, kajangane Sang Hyang Tunggal, sapa reke kang jumeneng mung Artati, katon tengahing tawang.

21 …
Gunung Agung sagara Serandil, langit ingkang amengku buwana, kawruh ana ing artine, gunung sagara umung, guntur sirna amengku bumi, ruk kang langit buwana, dadya weruh iku, mudya madyaning ngawiyat, mangasrama ing gunung agung sabumi, candi-candi sagara.

22 …
Gunung luhure kagiri-giri, sagara agung datanpa sama, pan sampun kawruhan reke, Arta-daya puniku, datan kena cinakreng budi, anging kang sampun prapta, angadeg tengahing jagad, wetan kulon lor kidul ngandap nyang nginggil, kapurba kawisesa.

23 …
Bumi sagara gunung myang kali, sagung ingkang sesining bawana, kasor ing Arta-dayane, sagara sat kang gunung, guntur sirna guwa samya nir, singa wruh Arta-daya, dadya teguh timbul, lan dadi paliyasing prang, yen lulungan kang kapapag wedi asih, sato galak suminggah.

24 …
Jim peri prayangan pada wedi, mendak asih sakehing durbriksa, rumeksa siyang dalane, singa anempuh lumpuh, tan tumama ing awak mami, kang nedya tan raharja, kabeh pan linebur, sakehe kang nedya ala, larut sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya waluya.

25 …
Siyang dalu rineksa ing Widi, dinulur saking karseng Hyang Suksma, kaidep ing janma kabeh, aran wikuning wiku, wikan liring mudya semedi, dadi sasedyanira, mangunah linuhung, peparab Hyang Tega-lana, kang asimpen yen tuwajuh jroning ati, kalising panca baya.

26 …
Yen kinarya atunggu wong sakit, ejim setan datan wani ngambah, rineksa Malaekate, Nabi Wali angepung, sakeh lara pada sumingkir, ingkang sedya pitenah, marang awak ingsun, rinusak dening Pangeran, eblis lanat sato mara mara mati, tumpes tapis sadaya.

27 …
Ana kidung angidung ing wengi, bebaratan duk amrem winaca, Sang Hyang Guru pangadeke, lumaku Sang Hyang Ayu, alembehan Asmara-ening, ngadeg pangawak teja, kang angidung iku, yen kinarya angawula, myang lulungan gusti geting dadi asih, sato setan sumimpang.

28 …
Sakatahe upas tawa sami, lara roga waluya kang menggawe, duduk samya kawangsul, akawuryan sanguning pikir, ngadam makdum sadaya, datan paja ngrungu, pangucap lawan pangrasa, myang tumingal kang sedya tumekeng napi, pangreksaning Malaekat.

29 …
Jabrail ingkang animbangi, milanira katetepan iman, pan dadya kandel ngatine, Ngijraile puniku, kang rumeksa ing ati suci, Israpil dadi damar, madangi jro kalbu, Mikail kang asung sandang, lawan pangan tinekan ingkang kinapti, sabar lawan narima.

30 …
Ya hudaknjeng pamujining wengi, bale aras sesakane mulya, Kirun saka tengen nggone, Wanakirun kang tunggu, saka kiwa gadane wesi, nulak panggawe ala, satru lawan mungsuh, pangeret tengajul rijal, ander-ander kulhu balik kang linuwih, ambalik lara roga.

31 …
Dudur molo tengayatul kursi, lungguh neng atine surat amangam, pangeburan lara kabeh, usuk-usuk ing luhur, ingkang aran wesi ngalarik, nenggih Nabi Muhammad, kang wekasan iku, atunggu ratri lan siyang, kibedepan ing tumuwuh pada asih, tunduk mendak maring wang.

32 …
Satru mungsuh mundur pada wedi, pemidangan ing betal mukadas, tulak balik pangreksane, pan Nabi patang puluh, paring wahyu mring awak mami, apan Nabi wekasan, sabda Nabi Dawud, apetak Bagenda Ambyah, kinaweden belis lanat lawan ejim, tan ana wani perak.

33 …
Pepayune godong dukut langit, tali barat kumendung ing tawang, tinunda tan katon mangke, arajeg gunung sewu, jala sutra ing luhur mami, kabeh rumeksa, angadangi mungsuh, anulak panggawe ala, lara rago sumingkir kalangkung tebih, luput kang wisa guna.

34 …
Gunung sewu dadya pager mami, katon murub kang samya tumingal, sakeh lara sirna kabeh, luput ing tuju teluh, taraknyana tenung jalenggi, bubar amdyur suminggah, Sri Sedana lulut, punika sih rahmatulah, rahmat jati jumeneng wali jasmani, iya Sang Jati-mulya.

35 …
Ingaranan Rara Subaningsih, kang tumingal samya sih sadaya, kedep sapari polahe, keh lara sirna larut, tan tumama ing awak mami, kang sangar dadi tawa, kang geting sih lulut, saking dawuh Sipat Rahman, iya rahmat rahayu pangreksaneki, sarana nganggo metak.

36 …
Yen lumampah kang mulat awingwrin, singabarong kang pada rumeksa, gajah meta neng wurine, macan gembong ing ngayun, naga raja ing kanan kering, singa mulat jrih tresna, marang awak ingsun, jim setan lawan manungsa, pada kedep teluh lawan antu bumi, ajrih lumayu ngintar.

37 …
Yen sinempen tawa barang kalir, upas bruwang racun banjur sirna, temah kalis sabarang reh, jemparing towok putung, pan angleyang tumibeng siti, miwah saliring braja, tan tumama mring sun, cedak cupet dawa tuna, miwah sambang setan tenung pada bali, kedep wedi maring wang.

38 …
Ana paksi mangku bumi langit, manuk iku endah warnanira, Sagara eroh wastane, uripe manuk iku, amimbuhi ing jagad iki, warnanipun sakawan, sikile wewolu, kulite iku sarengat, getihipun tarekat ingkang sajati, ototipun kakekat.

39 …
Dagingipun makripat sajati, cucukipun sajatining sadad, eledan tokid wastane, ana dene kang manuk, pupusuhe supiyah nenggih, amperune amarah, mutmainah jantung, luamah waduke ika, manuk iku anyawa papat winilis, nenggih manuk punika.

40 …
Uninipun Jabrail singgih, socanipun punika kumala, anetra wulan srengenge, napas nurani iku, grananipun Tursina nenggih, angaub soring aras, karna kalihipun, ing gunung Arpat punika, uluwiyah ing lohkalam wastaneki, ing gunung Manik-maya.

41 …
Ana kidung akadang premati, among tuwuh ing kawasanira, nganakaken saciptane, kakang kawah puniku, kang rumeksa ing awak mami, anekakaken sedya, ing kawasanipun, adi ari-ari ika, kang mayungi ing laku kawasaneki, anekakken pangarah.

42 …
Punang getih ing raina wengi, ngrerewangi Allah kang kuwasa, andadekaken karsane, puser kawasanipun, nguyu-uyu sabawa mami, nuruti ing paneda, kawasanireku, jangkep kadang ingsun papat, kalimane pancer wus dadi sawiji, tunggal sawujud ingwang.

43 …
Yeku kadangingsun kang umijil, saking marga ina sareng samya, sadina awor enggone, sakawan kadang ingsun, ingkang nora umijil saking, marga ina punika, kumpule lan ingsun, dadya makdum sarpin sira, wewayangan ing Dat samya dadya kanti, saparah datan pisah.

44 …
Yen angidung poma den memetri, memuleya sega golong lima, takir potang wewadahe, ulam-ulamanipun, ulam tasik rawa lan kaki, ping pat iwak bangawan, mawa gantal iku, rong supit winungkus samya, apan dadya sawungkus arta saduwit, sawungkuse punika.

45 …
Tumpangena neng pontangnya sami, dadya limang wungkus pontang lima, sinung sekar cepakane, loro sapontangipun, kembang boreh dupa ywa lali, memetri ujubira, donganira Mahmut, poma dipun lakonana, saben dina nuju kalahiraneki, agung sawabe ika.

46 …
Balik lamun ora den lakoni, kadangira pan pada ngrencana, temah udrasa ciptane, sasedyanira wurung, lawan luput pangarahneki, sakarepira wigar, gagar datan antuk, saking kurang temenira, madep laku iku den awas den eling, tamat ingkang kidungan.

(petikan saking alalangalangkumitir.wordpress.com)

Artikel Terkait

Home