02 Agustus 2013

TIPS MULIH RIYAYAN NUMPAK MOTOR

Digenahne yen kowe duwe motor.
Ora usah nekat nyolong motor apa maneh sampe konangan sing duwe, malah-malah gak sida mulih ning ndekem neng post polisi gak sida mangan kupat...

Bane diitung disik
Kabehe kudu loro, nek siji iku sepedahe badut, nek telu iku becak utowo bajaj, nek papat berarti kowe numpak angkot, nek gak enek rodane berarti numpak prau, nek gak enek apa-apane berarti mlaku...

Rem di cek.
Ojo nekat ngerem nganggo sepatu/sandal nang aspal. eman-eman aspale nek rusak, lagi wae didandani wingenane.

Cek Rantai & gear
Isek ana apa gak, sapa ngerti wes ilang dicolong arek pelajar gawe senjata tawuran...

Cek lampu ngarep
Ojo sampe lampu senter sing mbok pasang, apa maneh nekat gae lampu ublik. Iki ngono mudik broo,,, dudu mbunteli kacang telor neng plastik gae jajan lebaran...

Spion
Ojo lali gawe ngaca selama perjalanan. tapi ojo koco rias sing digawa, apo maneh sak mejane, abot gawane...

Nganggo helm SNI.
Masio awakmu kerjo proyek, ojo pamer pas mudik nggawe helm karyawan seng werno'e kuning2 iku. mambu rambut sing penguk pisan...

Nggawa barang sing ringkes & penting
Barang-barang kaya kasur, tabung gas elpiji, meja komputer, raket nyamuk opomaneh anak'e kucing, kurungan ayam iku ga usah digawa...

Ora usah ngebut.
Ora usah ngebut badai sampai 120-180km/jam kaya valentino rossi ae, nek kecepeten sampe omah paling yo kowe dikongkon ngewangi ngudek madumongso neng pawon, nek gak ngono dikongkon gae apem gae malem riyayayn

Nang perjalanan sing wajar ae
Ojo lebay, ora usah lepas setir, ngadek neng jok utawa ngangkat-ngankat ban ngarep trus ambek goyang itik barang...

Ojok lali ndunga disek ben selamet ning dalanan, elamet sampe omah ning ndesag... ojo dunga mangan ae sing diapalne kat jaman TK nganti saiki isane kuwi tok...

Artikel Terkait

Home